PAWARTA
Assalamuallaikum Wr.Wb
Para pamirsa,tasih kaliyan kula
Riyanto Tri Kurniawan ong acara pawarta.Inngih punika pawarta saking kutha
Yogyakarta injih babagan Festival Gamelan Yogyakarta,sumangga kita simak.
Yogyakarta Gamelan Festival 2011 ingkang
dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta,malem Setu kala wingi (8/7) lumampah
regeng.Festival ingkang ajeng dipun gelar saben taun ing Ngayogjakarta
punika,ngumadhangaken manikangendhing ingkang dipun garap dening saben
paguyuban.Lampahing kridha taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya
lumampah rageng.Pasarta ingkang ngregengaken YGF boten namung para pangrawit
ingkang sampun diwasa kemawon,ananging ugi wonten pangrawit ingkang taksih
lare.Tuladhanipun adkar Java Music ingkang dipun pandegani dening Joko
Mursito.Sinaosa pangrawitipun taksih lare,pranyata kuwawi damel kepranan para
pamirsa.Garap gendhing ingkang dipun paragani dening lare cacah 11 punika saged
kangge dudutan,bilih taksih wonten lare ingkang nresnani dhateng seni lan
budayanipun.Gendhing inkang dipun garap antawisipun
gamelananak-gamelanunik,obah owah lan istimewa Gelora Jogja.
Kajawi Adkar Java Music ,festival
punika ugi dipun sengkujung dening Amerika Serikat,Taiwan,Malaysia,Jepang lan
Indonesia,kanthi ngungelaken gendhing ingkang nyleneh lan mranani.
Sampun cekap sekmen pemirsa,kula
Riyanto Tri Kurniawan mewakili kru lan kerabat kerja nyuwun pamit ,menowo
wonten kaluputanipun nyuwun samudra pangarsani.
Wassalamuallaikum Wr.Wb
Nama :
Riyanto Tri Kurniawan
Kelas : X RPL 2
No
Absen : 27






0 komentar:
Posting Komentar