Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

RONDHA
Rondha
Nabuh kenthongan ing parondhan
Nretehek nugel dalan pratapan
Ngelingake bebrayan mring kawaspadan

Iki rak forum dhemokrasi
Kang gumelar ing tengah wengi
Bisa ngrasani
Tangga teparo Pak RT Pak Lurah sagarwane
Bisa dai konsepsi
Ngedum rejeki kang murakabi

Mula
Mripatku aja ngantuk tekan esuk
Kuping nadyan kebunan tetp kaku lan njepiping
Cangkem kena ngerancang kanthi pakem
Iki amalan
Dudu omelan
Weteng aja kluruk sandhing ngebuk
Iki dicepaki wedang kopi
Dening mbak puji


Nama         : Riyanto Tri Kurniawan
Kelas          : X RPL 2

No Absen  : 27

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

read comments

PAWARTA


            Assalamuallaikum Wr.Wb
            Para pamirsa,tasih kaliyan kula Riyanto Tri Kurniawan ong acara pawarta.Inngih punika pawarta saking kutha Yogyakarta injih babagan Festival Gamelan Yogyakarta,sumangga kita simak.
            Yogyakarta Gamelan Festival 2011 ingkang dipun gelar ing Taman Budaya Yogyakarta,malem Setu kala wingi (8/7) lumampah regeng.Festival ingkang ajeng dipun gelar saben taun ing Ngayogjakarta punika,ngumadhangaken manikangendhing ingkang dipun garap dening saben paguyuban.Lampahing kridha taunan Festival Gamelan Yogyakarta ing Taman Budaya lumampah rageng.Pasarta ingkang ngregengaken YGF boten namung para pangrawit ingkang sampun diwasa kemawon,ananging ugi wonten pangrawit ingkang taksih lare.Tuladhanipun adkar Java Music ingkang dipun pandegani dening Joko Mursito.Sinaosa pangrawitipun taksih lare,pranyata kuwawi damel kepranan para pamirsa.Garap gendhing ingkang dipun paragani dening lare cacah 11 punika saged kangge dudutan,bilih taksih wonten lare ingkang nresnani dhateng seni lan budayanipun.Gendhing inkang dipun garap antawisipun gamelananak-gamelanunik,obah owah lan istimewa Gelora Jogja.
            Kajawi Adkar Java Music ,festival punika ugi dipun sengkujung dening Amerika Serikat,Taiwan,Malaysia,Jepang lan Indonesia,kanthi ngungelaken gendhing ingkang nyleneh lan mranani.
            Sampun cekap sekmen pemirsa,kula Riyanto Tri Kurniawan mewakili kru lan kerabat kerja nyuwun pamit ,menowo wonten kaluputanipun nyuwun samudra pangarsani.

            Wassalamuallaikum Wr.Wb

Nama         : Riyanto Tri Kurniawan
Kelas           : X RPL 2

No Absen   : 27

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

read comments

           Nggajul Lawang Konter     
          


             Aku lan kancaku lagi dolan pas bengi bengi.Koncoku ngejak aku ngedol hp ne.Jarene hp ne ki elek terus lemot barang.aku takon arep didol nendi.Kancaku ngejak ngedol nang ngepal wae.Aku yo manut terus njukuk motor nang ngomahe kancaku.Aku langsung mangkat ro kancaku.
            Kancaku ngolek konter sing rame.Kancaku banjur nawake hp ne.Sik jogokonter banjur nilek nileki barange.Terus sik jogo takon tentang hp ne.Kancaku terus omong karo aku “Wah payu larang iki hp ku”.Aku njawab”Hooh iki paling”.Jebule hp ne mek arep dituku 150 ewu.
            Kancaku banjur omong ro sik jogo konter “Yo wes mas,rasah wae tak gawane muleh meneh wae hpne”.Sik jogo konter muni”Yo mas”.Banjur kancaku nesu terus lawang kontere digajul “Glontangg!!!!”.Terus aku ro kancaku dimatke uwong uwong sik lag nang konter.Kancaku ndlememng deweterus ngejak aku ngolek konter liyane.
            Akhire hp ne payu 250 ewu,banjur aku dijak golek angkringan.Aku muni”Ayo nang kono wae tonjo sego kucinge”.Kancaku terus njawab “Rasah nang kono wae anake sik bakul ayu je”.Aku njawab “Yo,ayo gek otw wae”.Akhire aku ro kancaku madang nang kono terus muleh.




Nama        :Riyanto Tri Kurniaawan
Kelas         : X RPL 2

No Absen   : 27

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

read comments